Rabu, 29 Agustus 2012

Kanca Aja Gelem Di Apusi


Kåncå, åjå gêlêm diapusi". "Lha ngåpå kók diapusi?"
"Lêlakón têlúng tahún kêpungkúr, gumawang íng tlapukan mripatku."
Pacêlathón mau kandhêg. Bódró nggêgêt lathi, èsêmé kåyå kêrút íng kali gêdhé najan wayahé ora mångså udan.
Éwå sêmånå najan mångså ngêrak dumadakan ånå udan.
Ujaré pårå pawóngan désa lan kuthå pådhå,
"Sak iki mångså sak karêpé dhéwé," kêbangêtên pancèn.
Nangíng kabèh síng dicêritakké mau akèh bênêré.
Wóng nyatané kåyå ngono. Mbúh amargå global warmíng, åpå pancèn síng diarani salah mångså.
Sumånggå.
"Kósík, Dró. Kowé kók kåndhå, "Åjå gêlêm diapusi, kuwi nalaré piyé? Coba, aku tak péngín ngêrti jlèntrèhé," mangkono kandhané Wartó péngín babaré critå åjå gêlêm diapusi.
Bódró énggal nyritakaké lêlakóné.
Lêlakón nalika Bódró ndhaftar arêp dadi anggota Déwan Pêrwakilan Rakyat síng diarani Bacalêg (Bakal Calón Légíslatif).

Sêkawít Bódró kuwi klêbu wóng pólós, liré dhèwèké durúng mangêrtèni åpå tå lan kêpiyé munggúh kiprahé partai pulitík íng Indonésia, khususé íng tlatah kabupatèné.
Wóng nyatané Bódró nggunakké råså yèn nyêgúr ånå íng donyané partai politik.
Såkå babat munggúh adêgé partai politík íng tataran kabupatèn síng disahké déníng KPU, Bódró mbrêngkút nyambút gawé tanpå ngêrti watês. Éwå sêmånå nalika têkané ndata dibukak pêndhafatran Bacêlêg íng Déwan Pimpinan Cabang klêbu urutan nómêr siji.
Mèlu dhaftar nómêr siji amargå nimbang, mênåwå Bódró klêbu pêrintís partai pulitik íng kabupatèn mau.
Dumadakan ånå pawóngan njåbå síng mèlu dadi pêngurusé, lha kók Bódró bodhoné jamak.
Kúrsi nómêr siji diulúngaké karo pawóngan anyar síng amargå duwé modhal cukúp kanggo nyawúng.
Bola-bali Bódró, íng donyané partai pulitik katón lugu tansah nggunakké råså.
"Yå múng kandhaku, aku iki kåndhå karo råså pangarså. Bésúk yèn kowé dadi Déwan, ngêrtiå karo aku.
Liré. Sak prapat såkå gajimu dadi Déwan mbók ulúngké aku. Minångkå ngêrtimu marang aku," kandhané Bódró.
"Kuwi gampang Dró."
"Åjå gampang lho Póng. Margå yèn nganti kowé ngapusi aku, kowé bakal kuwalat," kandhané Bódró sêmu nyumpah marang pawóngan jênêng Kêmpóng síng sak iki bênêr-bênêr dadi anggota Déwan Pêrwakilan Rakyat.
"Sak iki ngéné waé, Dró. Bésúk yèn aku dadi Déwan, blanjaku 25 pêrsèn tak wènèhaké kowé. Iki tênan," ómóngané Kêmpóng karo udút lan mêsthèkké janjiné.
Bódró ngugêmi ómóngané Kêmpóng.
"Ora-ora yèn aku lali," kandhané Kêmpóng tambah ngandêlaké kandhané marang Bódró supåyå gêdhé pêngarêp-arêpé lan mèlu nyêngkuyúng anggóné mèlu kampanyê.
****
Ringkêsé critå, Kêmpóng dadi anggota DPR.
Pawóngan cilík, cêndhèk lan nglêcis uduté kuwi bênêr-bênêr dadi anggota Déwan.
Pisan pindho isíh gêlêm såpå arúh karo Bódró síng biyèn tau mènèhi kursi urút nómêr siji. Isíh kèlingan, Bódró nåmpå dhuwít prêsèn síng tau dijanjèkké cacahé 25 pêrsèn.
Sasi Novémbêr tahún 2004 lan Désèmbêr 2004.
Sak banjuré kuwi, badålå. Bódró sasat kåyå wóng ngêmís, dolan mênyang nggóné Kêmpóng.
Jêbúl kabèh ómóngan lan sumpah síng tau diómóngké Kêmpóng marang Bódró lali.
Bódró ngêlús dhådhå. Margå yèn mulíh cukúp disangóni Rp 50.000 gêdhéné Rp 100.000.
"Bódró, mêsakké têmên nasíbmu. Kowé múng diapusi Kêmpóng," swarané atiné Bódró kêprungu íng talingané dhéwé.
Síng biyèn sabên ariyåyå mènèhi parcèl, bådå candhakké babar blas. Åjå manèh såpå arúh, nílpon waé ora, malah kêpårå ngapusi wís dadi kêlagèhané.
Mêsthi waé ngapusi kanthi janji-janji kanggo Bódró.
Bódró isíh kèlingan barang síng tau diolèh-olèhi såkå Kêmpóng nalikå studi bandhíng såkå njaban rangkah kabupatèn. Wujuté jam tangan lan kaós.
Isíh ånå búktiné, jam kuwi isíh dianggo bojoné Bódró, lan kaósé isíh disimpên, katón nyancút yèn dianggo Bódró.
Têlúng tahún wís kliwat. Sabên bêngi sak bubaré Magríb, Bódró lan Kêmpóng sartó síng dadi tim-mé mêsthi kampanyê.
Têmbungé kampanyê door to door. Íng mångkå daérah pilihan mau klêbu daérah síng durúng dimangêrtèni.
Nyånggå isín yèn kélingan nalikå kampanyê, kêbak janji yèn mêngko bênêr-bênêr dadi anggota DPR.
"Mênikå partainipún énggal, saé. Nah, mênika gambaripún.
Mênika mangké íngkang dadós présidèn mênawi partai mênika mimpang," kandhané Bódró yèn kélingan kampanyê marang wargå íng déså-ngadéså.
Bódró nètèsaké lúh. Kèlingan nalikå janji marang sêdulúr déså síng tau ditêkani.
Dhèwèké bakal ngêrti, mbiyantu bót répóté pårå wargå síng dijaluki dongå pangèstu lan panyêngkuyúng supåyå ing Pêmilu nyóblós gambar partainé.
Bódró bangêt nêlångså rumångså kêdosan, najan dhèwèké ora dadi anggota Déwan margå múng nómêr urút loro lan síng dadi nómêr siji jênêng Kêmpóng.
"Dadi sak iki wóng jênêng Kêmpóng kuwi wutå, Dró?" pitakóné Wartó kêbróngót mèlu anyêl krungu critané Bódró.
Bódró múng biså manthúk. Wartó unjal ambêgan landhúng. Wóng loro padha mênêng kabèh.
"Yèn kuwi ora múng wuta mripaté, níng wutå atiné," ujaré Warta. Bódró múng biså manggút-manggút krungu ómóngané Wartó.
Bódró énggal mbukak ómóngané marang Wartó. Mênåwå sak têmêné dhèwèké kêcélík tau mlêbu dadi wóng partai pulitik.
Pranyåtå ora cócók karo krêntêgé ati.
Cêngkah karo batiné, mênåwå ånå wóng ngandhakaké, tidak sêsuai dêngan hati nurani.
"Mulå åjå gêlêm diapusi."
"Åjå pêrcåyå karo wóng síng sênêng ngobral janji."
"Sêdhélå manèh arêp Pêmilu."
"Atêgês, bakal akèh wóng síng pingín lunggúh kúrsi íng Déwan gêntayangan golèk mångså."
"Njúr?"
"Ngati-ati, åjå gêlêm dimångså."
"Ngånå yå?"
"Hê êm"
"Prêêêt...!" swårå tanpå rupå kuwi ndadèkaké Bódró lan Wartó pådhå cêkikikan, malah kêpårå misúh jroné batin.
"Trondholo kêcút."


Tidak ada komentar: